Lampus,
Kandhap,
Karo srengenge sing gumebyar
Ragaku suwung
Kothong tanpa isi
Tanpa bisa migunani
Lara,
Winih uripku wis lampus
Sirna amarga penyakit
Kang nyedhaki ati
Nggolek tutur apik
Kang mengko dipangan
Kanthi ilang kabeh kaapikan
Saka awakku
Abang,
Cahyaku abang dluwang
Ragaku wis kelangan jiwa
Kelangna padhange ilmu
Kelangan jembare ati
Saiki,
Uripku dudu uripku
Jiwa kang dadi isi,
Dudu jiwaku
Amarga,
Jiwaku wis dikuasai alaning laku
Iku dudu jiwaku
Amarga,
Jiwaku wis sirna
Ilang tanpa labet
Nyisano urip
Karo bayang bayang
Rurah,
Rudita,
Lan lara





